Minggu, 03 Desember 2017

Pemahaman Teks Eksposisi

Pemahaman Bab Teks Exposisi
Kaya kang wis diandharake ing purwaka, ing wulangan iki sira bakal sinau bab budaya wewaler sajrone teks eksposisi. Supaya sira anggone mahami luwih kepenak, wiwitane anggone sinau kanthi mangerteni teks exposisi lanunsur-unsure.
Teks exposisi yaiku jinis pangrembakan paragrap ing sajreone wacan kang nduweni ancas ngandharake, menehi pangerten, lan menehi kawruh babagan salah sawijining bab kanthi basa kang gampang, genah, cekak, lan gamblang kanthi objektif ngenani salah sawijining bab. Saliyane nduweni ancas iku mau, teks eksposisi uga nduweni kagungan njlentrehake lelaku utawa urut-urutan ing sawijining kagiyatan, lan proses dumadine sawijining prastawa, kayata urut-urut nggawe kembang hias, nggawe tas saka limbah plastik, lan sapiturute.
Ciri utawa titikan teks eksposisi, antarane ing ngisor iki.
1.       Ngemot gagasan utawa panemu lan nduweni keyakinan marang teks kang diandharake
2.       Tulisan asipat objektif. Tulisan iku mau nduweni ancas menehi pawarta utawa informasi marang pamaca babagan wacan kang diandharake tanpa nduweni karep menawa pamaca kudu nyetujoni apa kang dadi panemune penulis.
3.       Tulisan ing teks eksposisi adedhasar dhata lan kasunyutan.
4.       Disengkuyung anane analisis.
5.       Karangan dipungkasi kanthi panrgasan utawa dudutan.
Teks eksposisis uga nduweni struktur utawa susunan kang kaperang dadi telu, yaiku:
1.       Tesis
Tesis yaiku perangan kang isine sudhut pandhang panulis marang perkara kang dirembug.
2.       Argumentasi
Argumentasi yaiku wujud saka alesan utawa bukti kang digunakake kanggo nguwatake pendhapat utawa panemu ing sajrone tesis kanthi pangerten-pangerten kang umum, utawa bisa uga wujud asline dhata kang ditemokake dening paneliti, pendhapat-pendhapat saka ahli, lan kasunyatan-kasunyatan adhedhasar sumber kang bisa dipercaya.
3.       Panegasan Ulang/Dudutan
Panegasan ulang yaiku bagean paling pungkasan saka struktur teks eksposisi . Penerangan iki ngandhut ukara dudutan kang nerangake mneh tesis kang wis diwedharake ing pambukane lan dibuktekake serta disengkuyung dening unsur argumen.
Wondene kanggo nulis teks eksposisi, uga kudu nggatekake trp-trapan kaya ing ngisor iki.
1.       Nemtokake tema tulisan
Supaya anggone nulis teks eksposisi ora kangelan, mula tema kang bakal digunakake kudu diwtesi.
2.       Nemtokke ancase panulisan
Ancas utawa tujuan panulisan ditemtokake supaya pokok perkara kang ditulis gampang dimengerti dening pemaca.
3.       Ngumpulake bahan tulisan
bahan tulisan teks eksposisi kajupuk saka maeka sumber, ing antarane sumber katulis (koran, buku, majalah, lan sapiturute), wawancara kanthi narasumber, penelitian langsung menyang sawijining objek , utawa sumber saka angket kang disebarake menyang masyarakat.
4.       Nggawe cengkorogan karangan
nggawe karangan teks eksposisi, kang kudu digawe dhisik yaiku cengkorongan teks kanthi genep lan urut. Cengkorongan teks digawe adhedhasar dhata-datha kang wis dipatutake.
5.       Panjlentrehan
Sawise cengkorongan teks kasusun, banjur dirembakake kanthi luwih jangkep supaya titikan-titikan saka teks eksposisi kang asipat informatif, objektif, lan logis bisa katampa gamblang dening pamaca.
6.       Menehi dudutan
Jumbuh karo ancase panulisan karangan eksposisi, dudutan kang ditulis jumbuh uga kudu jumbuh lan nguwatake idhe utawa gagasan saka penulisan.
7.       Tembung aran
Sawise teks eksposisi rampung digawe, panulis kudu neliti maneh karangan kasebut. Ing kene bab-bab kang kudu digatekake yaiku mbenerake tetembungan kang salah, mbenerake ukara;ukara lan basa kang kurang trep digunakake, mbenerake tulisan kang salah, lan sapiturute supaya teks kang kagawe  mau dadi luwih apik lan cetha menawa diwaca.
Ing ngisor iki saperangan jinising tembung kang bisa digunakake ing peulisan teks eksposisi.
1.       Tembung aran
Tembung aran yaiku tembung kang nuduhake jeneng utawa aran sawijining barang lan apa bae kang dianggep barang.
2.       Tembung kriya
Tembung kriya yaiku tembung kang mretelake solah bawa utawa tandang gawe. Tembung ana loro yaiku :
a.       Tembung kriya tanduk/kata kerja pasif
-          Tembung kriya mawa lesan
-          Tembung kriya tanduk tanpa lesan
b.       Tembung kriya tanggap/kata kerja pasif
Tembung kriya tanggap yaiku tembung kriya kang jejere dadi sasaran.
3.       Tembung Sesulih
Tembung sesulih yaiku tembung kang dadi sesulih gantine samubarang.
-          Tembung sesulih parusa/wong
-          Tembung sesulih darbe
-          Tembung sesulih pitakon
-          tembung sesulih panuduh
4.       Tembung wilangan
Tembung wilangan yaiku tembung kang mretelake cacah.
5.       Tembung sipat/kahanan
Tembung sipat yaiku tembung kang mretelakake kahanan utawa sipat samubarang.
6.       Tembung katrangan
Tembung katrangan yaiku tembung kang nerangake tembung kriya utawa kahanan.
7.       Tembung panggandheng
Tembung panggandheng yaiku temung kang ngiket utawa nggandhengake tembung lan sijine, utawa ukara sijine.
8.       Tembung ancer-ancer

Tembung ancer-ancer yaiku tembung kang mretelakake panggon utawa dunung.

Tidak ada komentar:

Posting Komentar