Ing sajrone wacan eksposisi medharake ananane analisis proses nganggo cara narasi. Narasi kang mengkono mau diarani narasi expositoris/narasi teknis. Teks narasi ditulis kanthi basa kang efektif, utawa baku , gampang cekak, cetha, lan gamblang. Supaya bisa nulis teks exposisi kaya paugeran mau, sira kudu nduweni kawruh basa kang cukup.
Kawruh basa kang sejerone teks eksposisi antarane ing ngisor iki.
1. Silsilahing Tembung
Jinising tembung kaperang dadi wolung jinis ing ngisor iki :
a. Tembung Aran
Temung iki nuduhake jeneng utawa aran sawijining barang lan apa bae kang dianggep barang. Sajrone tatanan sawijining ukara, tembung kang bisa dadi jejer lan lesan. tebung aran ora owah senajan gunggunge barang luwih saka siji. Tuladha: radhio, lemari meja, lan sapiturute.
b. Tembung Kriya
Tembung Kriya yaiku tembug kang mratelake solah bawa utawwa tabdhang gawe. Tembung kriya uga bisa ngemu teges lumakuning kahanan. Dene jinise tembung kriya kapantha dadi loro, ing antarane :
1) Tembung Kriya tanduk/kata kerja aktif
Tembung kriya tanduk yaiku tembung kriya kang jejere minangka paraga kang nidakake sawijining pakaryan. Biyasane kadhapuk kanthi muwuhake ater-ater anuswara (m-, n-, ny- ,ng-). Tembung kriya tanduk dibedakake dadi loro, yaiku :
a) Tembugkriya tanduk mawa lesan
Tembung kriya tanduk mawa lesan iku tembung kriya kang mbutuhake anane lesan (objek), padatan migunakake ater-ater anuswara (m-, n-, ny-, ng-), ater-ater anuswara lan panambang -i (m- -i, n- -i, ny- -i, ng- -i), utawa panambang -ake (m- -ake, n- -ake, ny- -ake, ng- -ake). Tuladha : Nulis, Ngresiki, Nyawisake, lan sapiturute.
b) Tembung kriya tanduk tanpa lesan
Tembung kriya iki ora mbutuhake anane lesan utawa objek. Tembung kriya tanduk tanpa lesan iki padatan migunakake ater-ater anuswara (m-, n-, ny-, ng-), ma anuswara, lan mer-. Tuladha : mertamu, adus lan sapiturute.
2) Tembung kriya tanduk tanggap/ kata kerja pasif
Tembung kriya tanggap yaiku tembung kriya kang jejere dadi sasaran. Tembung kriya tanggap iku bisa ndhapuk kanthi muwuhake ater-ater di-, ka-, ke-, lan seselan -in-, sarta kawuwuhan klithik dak-, lan kok-. Mula jejer ing ukara tanggap tansah dadi sasran sawijining pakaryan. Tuladha : ditulis, dipangan, lan sapiturute.
c. Tembung Sesulih
Tembung iki duwe piguna dadi sesulih utawa gantine samubarang. Tembung sesulih kaperang dadi papat yaiku:
1) Tembung sesulih purusa / wong, tuladha: aku, sira dheweke, lan sapturute.
2) Tembung sesulih darbe, tuladha: -ku, -mu, -e, lan sapiturute
3) Tembung sesulih pitakon, tuladha: sapa, apa, pira, kapan, lan sapiturute
4) Tembung sesulih panudhuh, tuladha: iku, kene, kana, lan sapiturute
d. Tembung wilangan yaiku tembung kang mretelakake cacah. Tuladha: sithik, akeh, siji loro, lan sapiturute.
e. Tembung Sifat/Kahanan
Tembung kahanan yaiku tembung kang mretelake kahanan utawa sipat samubarang. Tuladha: sugih, kuru, lemu, sabar, nesu, ndhuwur, cedhek, lan sapiturute.
f. Tembung katrangan
Tembung katrangan yaiku tembung kang nerangake tembung kriya utawa kahanan. Tuladha: banter, mesthi, tansah, biyasane, durung, wingi sore, lan sapiturute
g. Tembung Paggandheng
Tembung panggandheng utawa konjungsi yaiku tembung kang ngiket utawa nggandhengake tembung siji lan sijine. Tuladha: lan, sarta, tuwin, miwah, sarehne, sebab, nanging, utawa, dene, ewadene, amarga, jalaran, lan sapiturute.
h. Tembung Ancer-ancer
Tembung ancer-ancer yaiku tembung kang mratelakake panggonan utawa dunung. Tuladha: in, marang, saka, katur, lan sapiturute.
2. Sislsilahing Tuladha
Silsilahing ukara kang perlu kawruh ana enem, yaiku:
a. Ukara kandha/kalimat langsung
Ukara kandha yaiku ukara kang nggandahake omongan liyan kanthi persis.
Tuladha: - Bapak ngendika, "Sesuk aku menyang Jogja".
- "Sira sregep ngaji," dhawuhe ibu.
b. Ukara crita/kalimat tidak langsung
Ukara crita yaiku ukara kang nyritakake omongan liyan kanthi njupuk wosing ukara.
Tuladha: - Tini takon, kenangapa aku wingi ra mlebu sekolah.
- Ngendikane bu guru, yen sregep sinau mesthi pinter.
c. Ukara tanduk/kalimat aktif
Ukara tanduk yaiku ukara kang jejere nindakake pegaweyan.
Tuladha: - Ibu mundut jajan karo adhik.
- Rudi Ngundhuh jambu.
d. Ukara tanggap/kalimat pasif
Ukara tanggap yaiku ukara kang jejere dikenani pegaweyan.
Tuladha: - Sarunge dikrikiti tikus.
- Jajane dirubung semut.
e. Ukara pakon/kalimat perintah
Ukara pakon yaiku ukara kang surasane awujud pakon utawa prentah marang wong liya supaya nindakake sawijining bab utawa sawijining pakaryan kaya kang dikarepake wong kang mrentah.
Tuladha: - Jupukna tasku ing ndhuwur kursi kuwi!
- Balekna buku iki menyang omahe Budi!
f. Ukara pangajak
Ukara oangajak yaiku ukara kang isine pakon supaya bareng-bareng nindakake pagaweyan karo kang ngajak.
Tuladha:Ayo padha mampir nggonku dhisik!
Tidak ada komentar:
Posting Komentar