Tembang macapat yaiku salah sawijining tembang kang ngrembaka ing tlatah Jawa kang nduweni sawenehing paugeran. Paugeran-paugeran ing tembang macapat iku cacahe ana telu, yaiku guru lagu, guru gatra, lan guru wilangan. Miturut Padmosoekotjo (1953:13) guru yaiku uger-uger, wewaton, paugeran, pathokan.
Tembang macapat iki ana kang ngarani yen macane papat-papat, kang dimaksud yaiku macane saben patang wanda (suku kata). Miturut Widada, dkk (2011:449) macapat tegese tembang sing kalumrah ing layang-layang anyar. Tembang macapat minangka asil saka kasusastran periodhe sastra Jawa gagrag anyar.
Macapat cacahe ana 11 metrum, yaiku Mijil, Maskumambang, Kinanthi, Sinom, Asmaradana, Gambuh, Dhandanggula, Durma, Pangkur, Megatruh, lan Pucung. Saben metrum macapat kasebut nduweni paugeran panulisan lan cara nembangake kang seje. Ing saben metrum iku nduweni cengkok sing akeh. Maneka warnane cengkok kasebut dumadi awit kreativitase masyarakat Jawa minangka kang nduweni tembang macapat kasebut (Sugito HS, 2010:6).
Tembang macapat kang cacahe 11 kasebut, siji lan sijine nduweni paugeran lan watak dhewe-dhewe, yaiku :
1. Maskumambang
Guru Gatra (baris) : 4 Gatra, guru wilangan lan guru lagune yaiku : 12i, 6a, 8i, 8a
contoh:
Kelek-kelek biyung sira aneng ngendi (12i)
Enggal tulungana (6a)
Awakku kacemplung warih (8i)
Gulagapen wus meh pejah (8a)
Maskumambang nggambarake manungs isi ana ing alam ruh lan durung lahir, terus ruh dititisake ana ing gua garbaning ibune awake dhewe. Kumambang artine kemampul, terapung-apung. Nggambarake menunggo anan ing jero rahim. Watak tembang iki umume isine kaya wong kang lagi sambat lara, ketula-tula, lan sengsara
2. Mijil
Mijil kuwi artine lahir utawa mbrojol
contoh:
Mijil ing dunya siniwi ratri (10i)
Kabeh durung katon (6o)
Amung anjali sova ing tembe (10e)
Lelaku alon siniji-siji (10i)
Nunggu mring wartaning (6i)
Sesotya satuhu (6u)
3. Sinom
Gambaran manungsa duwe sifat kang isih enom. Kaya dene bocah cilik kang lagi ngerti ndonya. Sinom nduwe 9 gatra, guru wilangan lan guru lagune yoiku:
Nuladha laku utama (8a)
Tumrape wong tanah jawi (8i)
Wong agung ing ngeksiganda (8a)
Panembahan senopati (7i)
Kepati amarsudi (7i)
Sudane hawa lan nepsu (8u)
Pinesu tapa brata (7a)
Tanapi ing siyang ratri (8i)
Anemangun karyenak tyasing sesama (12a)
4. Kinanthi
Kinanthi iku salah sijine tembang macapat kang umume kanggi nggabarake rasa seneng, katresan, lan kewicaksanan. Kinanthi bisa nduwe arti gegandhengan tangan lan bisa uga jeneng sawijining kembang. Kinanthi saka ukara kanthi utawa tuntun kang maknane awake dhewe tuntunan utawa dalan kang bener supaya cita-cita lan pangarp-arepe awake dhewe bisa kawujud lan kaleksanan.
Kinanthi nduweni 6 gatra
Padha gulangening kalbu (8u)
Ing sasmita amrih lantip (8i)
Aja pijer mangan nendra (8a)
Kaprawiran den kaesthi (8i)
Pasunen sarira nira (8a)
Cegahen dhahar lan guling (8i)
5. Asmarandana
Tembang asmarandana umume kanggo wong sing lagi gandrung. Yen dideleng wantah, Asmarandana dijupuk seka asmara kang artine tresna, lan dahana kang artine geni. Mula saka kuwi, asmarandana isine wuyung lan samubarang kang magepokan karo tresna.
Asmarandana nduweni gatra (larik) ana ing saben pada (bait):
Duh garawaku banowati (8i)
Sirya kariya raharja (8a)
Ingsun anemahi layon (8o)
Mring becik pamomong iro (8a)
Mring para putra nira (7a)
Duh nyawa atmaja ingsung (8u)
Dadya kariya raharja (8a)
6. Gambuh
Awalaning ukara gambuh yaiku jumbuh/sawiji, dadi siji sing artine komitmen nyawijikake tresno ana ing kalawarga.
Gambuh iki salah sawijining tembang macapt sing paling akeh kanca-kancaku bisa. isih eling karo tembang :
Sekar gambung ping catur (7u)
Kang cinatur polah kang kalantur (10u)
Tanpa tutur katula-tula katali (8u)
Kadalwarsa katutur (8u)
Katutuh pan dadi awon (8o)
Tembang gambuh mbok menawa pancen kebak ing pitutur. Pitutur kang nggiring manungsa supaya eling marang tumindak-tumindake. Manungsa di elingake yenta kabeh tingkah pola manungsa iku ana akibate. Adigang, adigung, adiguna, bakal nyilakake urip manungsa sing duwe patrap kaya mangkono iku.
7. Dhandanggula
Gambaran urip kand wis mapan, manis, lan mulya Cukup sandang, papan lan pangan. Dhandanggula isisne pangarepen utawa pangajap kang becik. Dhandang iku pengarep-arep. Akeh pitutur becik ono ing tembang iki. Tuladha tembang macapat iki kang cinpta dening Sunan Kali Jaga
Ana kidung rumeksa ing wengi (10i)
Teguh hayu laputa ing lara (10a)
Luputa bilahi kabeh (8e)
Jim setan datan purun (7u)
Paneluhan tan ana wani (9i)
Gunaning wong luput (6u)
Geni atemahan tirta (8a)
Maling adoh tan ana ngarah ing mami (12i)
Guna duduk pan sirna (7a)
8. Durma
Durma kuwi nggambarake kahanan kang wis mapan. Sakwise mapan ojo lali nindakae Darma (Durma asale saka darma / sadhekah utawa derma). Saben pada (bait) ana 7 gatra (larik)
Dipun sami ambanting sarira nira (12a)
Cegah dhahar lan guling (7i)
Darapon suda (6a)
Nepsu kang ambra ambara (8i)
Lerema ing tyas sireki (8i)
Dadi sabaranang (5a)
Karsa nira lestari (7i)
9. Pangkur
Saka tembung mungkur, ngedohi awisanipun gusti ingkang maha kuwasa.
Jinejer neng wedhatama (8a)
Mrih tan kemba kemebengaing pambudi (11i)
Mangka nadyan tuwa pikun (8u)
Yen tan mikani rasa (7a)
Yekti sepi asepalir sepah samun (12u)
Semangsane pasamuwan (8a)
Gonyak-gonyak nglelingsemi (8i)
Tembang pangkur rinakti pitung gatra (larik) saben pada (bait)
10. Megatruh
Saka tembung megat :pisah, ruh: nyawa/roh. Nggambarake manugsa kang lagi sakaratul maut. Saka rahim, lahir, dewasa, lan urip mulya, ana ing pungkasane cerita manungsa mesthi mati. Saben pada, tembang iki ana limang gatra (larik), kanthi guru wilangan lan guru lagu :
Sigra milir sang gethek sinangga bajul (12u)
Kawan dasa kang njageni (8i)
Ing ngarsa samiwah ing pungkur (8u)
Tanapi ing kanan kering (8i)
Kang gethek lampahnya alon (8o)
Tembang iki mendayu-ndayu
11. Pocung
Tembang iki nggambarake sak uwise manungsa mati banjur di pocong (pocung: pocong dikafani). "Innaka Mayyitun Wainnahum Mayyituuna" Sejatine kowe kabeh bakal mati lan wong liyane maati uga. Ana uga tembang pocung kang isine pitedah becik, contohnne:
Ngelmu iku kelakone kanthi laku (12u)
Lekase lawan kas (6a)
Tegese kas nyantosani (8i)
Setya budaya pangekesing dur angkara (12a)
Tidak ada komentar:
Posting Komentar